LATIHAN SOAL ULANGAN KENAIKAN KELAS BAHASA JAWA KELAS X I.
PILIHEN SALAH SIJI WANGSULAN KANG PALING BENER !
Wacanen kang patitis wacan ing ngisor iki ! Kompor Gas Luwih Larang Nanging Praktis Saiki saya akeh wong nggunakake kompor gas. Sanajan regane luwih larang, nanging nganggo kompor gas luwih praktis , resik tur ora cetheh karo lenga tanah. Kompor gas luwih resik amarga ora nuwuhake keluk lan ora njalari langes ireng ing prabot. Urube rata lan panase dhuwur, mula cepet banget yen digawe olah-olah. Regane gas pancen larang ,nanging yen dietung praktise, tur carane nggunakake diatur temenan, sejatine kaceke ora akeh banget. Yen pancen ngati-ati lan trep olehe nggunakake kompor gas mesthi bisa ngirit lan gase ora cepet entek. Nganggo kompor gas butuh panggonan sing rada omber lam hawa kang cukup. Sebab yen hawane gak cukup utawa ora ana angina-angine njalari ruwangan panas lan tabung gas bisa njeblug. Tabung gas aja dicedhakake karo barang sing gampang mbledhos kayata :Kompor lenga tanah,karbit, oli, aki, korek,lan sapanunggalane. Setaun sepisan kompor gas kudu diservis, senajan kompor mau ora rusak lan ora ana masalah, Sebab iku kanggo mriksa menawa ana komponen sing wis wiwit rusak nanging durung konangan.. Pipa, bolongan sing kanggo metune gas perlu diresiki,lan sing bisa ngresiki biasane tukang servis kompor gas.Slang tutup kanggo ngontrol gas perlu dipriksa aja nganti ora konangan yen nganti ana sing kropos utawa bocor. Kapethik saka jaya baya no 50 agustus 2005 1.
Saiki saya akeh wong nggunakake kompor gas awit …. a. regane luwih larang b. melu program pemerintah c. regane lenga tanah wis larang d. luwih praktis lan luwih resik. e. luwih modern saengga ora ketinggalan jaman
2.
Ing ngisor iki kaluwihane nganggo kompor gas dibandhingna karo kompor lenga biasa …. a. luwih cepet kanggo olah-olah b. perlu panggonan kang luwih jembar c. gampang dipindhah-pindhah d. gampang olehe tuku nang endi-endi ana e. genine urube ijo lan ora ana anguse
3.
Kompor gas iku perlu panggonan sing omber lan cukup hawane sebab …. a. supaya gampang anggone olah-olah b. ruwangan sing panas njalari tabung njeblug c. supaya ngirit las gase ora cepet entek d. ora cedhak karo barang-barang sing gampang njeblug e. supaya ora sumpeg menawa olah-olah
4.
Kompor gas ora oleh digawe terus tanpa leren-leren sebab …. a. supaya bisa ngirit gas d. ora gampang rusak b. kompore bisa njeblug e. ora ndrawasi bocah cilik c. supaya kompor bisa awet
5.
Piranti-piranti kompor gas sing perlu digatekake yaiku …. a. isine tabung kebek apa ora b. pipa kanggo metune gas c. tabunge anyar apa elek d. yen mari kanggo kudu enggal diresiki e. regulatore apik apa elek
Makmur Ning Ajur ……………………………………………………………………………………………………………………..” mengko bengi Mami arep kulak dagangan menyang Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu njaga kiose. Eman-eman menawa tutup, mengko rejeki atusan ewu ilang. Pokoke Papi kudu bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa, tur madan kesuh. Sugeng ora semaur. Gage-gage sepedha motore distater terus diplayokna metu saka ngomah menyang sekolahan. Ora nganti seprapat jam wis teka. Sepedha motore diparkir, Sugeng mlebu kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk undung ora disenggol babar pisan amarga pikirane butheg kelingan polahe bojone sing tambah wani uga ngatur wong lanang. Sajane Sugeng ya jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supaya dadi kapok. Ananging yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo tanggane. Mulane Sugeng trima meneng bae. Sing aneh, Yanti biyen pas lagi isih mlarat ngundange Mas marang Sugeng. Saiki bareng wis sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora gelem karepe Mami. 6. Saka pethikan cerita cekak ing dhuwur watake Yanti yaiku …. a. Sabar lan narima b. Ngabekti maring wong lanang c. Jujur lan ngati-ati d. Wani lan seneng ngatur bojone e. Seneng ngapusi 7.
Uripe Yanti yen diumpamakna nganggo paribasan, yaiku…. a. Ana catur mungkur b. Sing sapa nandur bakal ngunduh c. Becik ketitk ala ketara d. Jalukan ora wewehan e. Kere munggah bale
8.
Wacana sing duweni ancas kanggo aweh informasi babagan apa bae sing bisa nambahi pengetahuan/informasi maring sing maca lan sipatipun ilmiah utawi nonfiksi, iku wacana …. a. Narasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi e. Narasi ekspositoris
9.
Wujude buta (raksasa) ananging sipate satriya. Dheweke maju perang ora merga mbelani rajane sing uga kang mase dhewe Dasamuka kang angkara murka, ananging ora lila menawa negarane rusak merga diserang mungsuh. Satriya iku akhire gugur kanthi ngenesake. Satriya kasebut kaya ing gambar ngisor iki jenennge …. a. Indrajid b. Baladewa c. Werkudara d. Kumbakarna e. Adipati Karna
10. Crita wayang Kumbakarna gugur nyritakake babagan …. a. Prabu Rama kang nggempur negara Ngalengka b. Dewi Shinta sing di colong Dasamuka c. Para wadya wanara kang mbiyantu Prabu Rama d. Sedaning patih Ngalengka ing palagan nalika mbelani negarane kang digempur prajurite Prabu Rama e. Kumbakarna ngamuk marang prajurite Rama sawise dikandhani Dasamuka menawa anak kembare mati ing palagan perang. Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis ! Dewi Trijatha Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka, dheweke dikancani Dewi Trijatha, anak wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana kuwi anake Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dewi Shinta saka godha lan patrape Prabu Dasamuka kang kurang ajar. Saben arep ngganggu, Dewi Trijatha mesthi mbelani kanthi tenanan lan njaga supaya Dewi Shinta bisa tetep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-alangi niyate Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman Soka.
Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
Kaca 2
11. Pratelan ing ngisor iki sing ora pas karo crita ing dhuwur, yaiku ..... a. Dasamuka nduweni watak kang kurang ajar b. Dewi Trijatha, anak wadone Prabu Dasamuka c. Dewi Shinta dicolong lan dikunjara ing Taman Soka d. Dewi Trijatha kuwi kapetung putune Prabu Dasamuka e. Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta 12. Menawa ditamatake kanthi premati sipate Prabu Dasamuka iku kepriye? a. Tuhu ing janji d. Srakah lan Culika b. Sawiyah-wiyah e. Eman lan wicaksana c. Seneng ngapusi 13. Ukara ing ngisor iki sing nganggo basa krama alus kang trep yaiku …. a. Bu kula nyuwun arta pitung ewu mawon. b. Menawa panjenengan kersa, dak aturi pinarak. c. Saben esuk aku nyaponi latar lan emper omah. d. Sampeyan arep tindak ngendi kok sajake kesusu tenan. e. Supaya luwih gamblang becike panjenengan tindak mriki wae Gatekna pethilan pachelathon nang ngisor iki ! Nuning : “Mas Gun, Mas Gunadi!” Gunadi : “Ana apa Mbak?” Nuning : “Njenengan kuwe awet nom ya, Mas!” Gunadi : “Pancen aku rumangsane ya isih enom kok, ha…ha…ha! …Lha njenengan arep tindak ngendi Mbak ?” Nuning : “Aku arep bali menyang Pacitan Mas! Ning aku klebu wong dhusun, dadi saka kota Pacitan ijih telung puluh kilometer maneh.” Gunadi : “aku percaya yen panjenegan kuwi saka ndesa Mbak, ketara ayu.” Nuning : “Alaah, aja ngono, Mas! Wong kaya ngene kok diarani ayu. Terus sing elek kaya ngapa?” 14. Pachelathon ing dhuwur migunakake basa apa? a. ngoko lugu d. krama inggil b. krama alus e. krama ndesa c. ngoko alus 15. Bapak menawi tindak kantor .... sepedha, dene kula menawi .... sekolah cekap mlampah kemawon. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku …. a. Nitih – tindak d. nggenjot – lunga b. Nitih – bidhal e. Numpak – mangkat c. Numpak – bidhal 16. Ukara ing ngisor iki ngemu tembung panggandheng kang nyatakake katrangan wayah, yaiku …. a. Mboten wonten ingkang kumecap nalika Bapak duka. b. Kula boten kepenak kaliyan bapak amarga mulih telat. c. Supaya bisa lulus, para siswa kudu asring gladhen. d. Bapak sampun rawuh saking kantor sajakipun sayah. e. Kadang tani sami manen tanduripun ngangge ani-ani. 17. Tembung mawa ing ngisor iki ateges geni, yaiku …. a. Negara mawa tata, desa mawa cara b. Sepatune kelap-kelip, mawa lampu ing ngisore c. Aja angger ngomong, guneman iku kudau mawa aturan. d. Aja padha dolanan mawa mengko mundhak dadi kobongan e. Saben dina Senen, para siswa seragam OSIS mawa topi lan dhasi 18. Paribasan ing ngisor iki duwe teges kakehan pangangkah nanging ora duwe kekuwatan, yaiku …. a. kerot tanpa untu d. cebol nggayuh lintang b. keplok ora tombok e. menang tanpa ngasorake c. sugih tanpa bandha 19. Ukara ing ngisor iki kalebu basa rinengga, yaiku …. a. Wektune mung sedhela banget b. Isine layang iku wis ngerti kabeh c. Anggenipun rawuh sampun sawetawis
d. e.
Kekarone kinanthi manjing ing sasana rinengga Temanten kekalih sampun rawuh ing pendhapa
20. Paribasan busuk ketekuk, pinter keblinger duweni teges, yaiku …. a. gelem njaluk emoh menehi b. bodho lan pinter cilaka kabeh Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
Kaca 3
c. d.
wong kang pinter nanging sipate ala kakehan ngomong nanging mrantasi
e.
ngrasakake seneng ora gelem wragat
21. “Aku ngarep-arep tekamu kaya ngenteni baya silem.” Ukara kang kacetak miring ateges …. a. mblenjani janji d. suwe banget b. nglarakne ati e. nganti kesel c. ora bakal kelakon 22. Ing ngisor iki kalebu ukara pakon yaiku …. a. Petruk dudu keturunan ratu b. geneya tanganmu kok katon tatu ? c. aja tumindak sawiyah-sawiyah marang wong cilik ! d. Wadhuh ketiwasan Gusti Prabu, para prajurit kathah ingkang gugur. e. Arjuna iku satriya Pandhawa kang bagus lan sekti mandraguna 23. Ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya diarani ukara…. a. crita d. pawarta b. pakon e. panjaluk c. pitakon 24. Amarga saka tumindake, mula Anisa dadi kembang lambe ing kelas. Kembang lambe tegese …. a. idhola d. rerasanan b. kesuwur e. luih disenengi c. gara-gara 25. Menawa arep nyuwun dhuwit marang Bapak, mature (ngomonge) sing paling bener …. a. Njaluk dhuwite pak! d. Bapak, nyuwun dhuwite kanggo tuku b. Bapak kagungan arta? buku c. Pak arta kula sampun telas e. Pak kula nyuwun arta kangge tumbas buku 26. Benjing kula estu ndherek dhateng Suramadu lho, nanging kula tak ... Bapak rumiyin. Tembung sing pas kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku …. a. ijin d. sanjang b. matur e. ngomong c. kandha 27. “Ibu, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku …. a. mundhut, tuku d. tumbas, mundhut b. tumbas, tumbas e. mundhut, mundhut c. mundhut, tumbas 28. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, amargi Bapak kala wau sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku …. a. nedhi, nedhi d. dhahar, maem b. nedhi, dhahar e. dhahar, dhahar c. maem, dhahar 29. Paraga drama sing dadi pepalang paraga protagonis diarani …. a. sutradara d. antagonis b. figuran e. protagonis c. penonton 30. Amarga mari nandang lara, pasuryane Ratna kaya rembulan karahinan, tembung sing dicetak miring tegese yaiku …. a. melas d. tambah ayu b. pucet e. tambah padhang c. peteng 31. Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik. Ukara kasebut kalebu ukara kang ngemu basa rinengga utamane yaiku …. a. parikan d. cangkriman b. geguritan e. tembung saroja c. wangsalan
Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
Kaca 4
32. Jangan gori, nganti ….. anggonku ngrasakake kowe. Ceceg-ceceg ing ukara kasebut isine kang trep yaiku …. a. lali d. kadingaren b. mumet e. cengklungen c. judheg 33. Pak bagya iku yen dideleng saka penampilane pancen ora ngetarani. Sandhang penganggone katon prasaja malah kepara elek. Nanging sejatine pak Bagya iku petani sing sukses ing kampunge, omahe apik tur gedhe mobile luwih teka siji. Kahanan sing digambarake pak Bagya iku jumbuh karo unenunen…. a. iwak klebu ing wuwu b. bathok bolu isi madu c. kere munggah bale d. asu gedhe menang kerahe e. lahan karoban manis 34. Aku yen nyawang uripe pak Parna iku mesakake banget. Uripe rekasa banget, merga anake akeh isih cilik-cilik lan penggaweane ora mesthi. Kadhang dadi kuli bangunan , kadhang dikongkon tanggane ngresiki pekarangane. Mula penghasilane ya pas-pasan. Kang dialami pak Parna iku jumbuh karo unen-unen …. a. kebo nusu gudel c. kebo kabotan sungu b. kebo bule mati setra d. kebo lumumpat ing palang c. kebo kakehan gudel 35. Ing sadawane dalan Surabaya yen disawang kaya bethet sayuta. Tembung kaya bethet sayuta duweni teges …. a. katon ijo-ijo d. akeh manuk bethet b. akeh taman e. maneka warna sesawangane c. rame banget 36. Nuwun sewu Eyang, kula jange dhahar rumiyin. Basa kasebut kurang trep kangggo unggah-ungguhing tatakrama, kudune…. a. Nuwun sewu Eyang, kula badhe dhahar riyin b. Nuwun sewu Eyang, kula jange maem rumiyin c. Nuwun sewu Eyang, kula badhe nedha rumiyin d. Nuwun sewu Eyang, kula badhe dhahar rumiyin e. Nuwun sewu Eyang, ingsun badhe dhahar rumiyin 37. Si Parman iku pancen mogel ilate, mula disingkiri kancane. Tembung mogel ilate duweni teges …. a. omongne akeh d. b. seneng adu-adu e. c. seneng mangan enak
omongane nglarakne ati omongane ora bisa dipercaya
38. Aku dhek wingi tuku buku ing Kopsis SMA Negeri 2 Surabaya. Ukara kasebut diowahi nganggo basa krama alus kang bener, yaiku …. a. Kula dhek wingi tuku buku ing Kopsis SMA Negeri 2 Surabaya b. Kula dhek wingi tumbas buku ing Kopsis SMA Negeri 2 Surabaya c. Kula dhek wingi mundhut buku ing Kopsis SMA Negeri 2 Surabaya d. Kula kala wingi tumbas buku wonten Kopsis SMA Negeri 2 Surabaya e. Kula kala wingi mundhut buku wonten Kopsis SMA Negeri 2 Surabaya 39. Arek-arek sing dhek wingi diseneni Pak Guru, saiki wis dadi meneng. Yen diowahi miturut unggah-ungguhing basa sing bener, yaiku …. a. Bocah-bocah sing kala wingi didukani Pak Guru, saiki wis dadi meneng b. Bocah-bocah sing dhek wingi didukani Pak Guru, saiki wis dadi mendel c. Bocah-bocah sing dhek wingi didukani Pak Guru, saiki wis dadi meneng d. Bocah-bocah sing dhek wingi didukani Pak Guru, saiki wis dados meneng e. Bocah-bocah ingkang wingi didukani Pak Guru, samenika wis dadi meneng
Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
Kaca 5
40. “Adhik sinau nembang campursari”, yen ditulis nganggo aksara Jawa …. a.
d.
b.
e.
c. 41. Ukara mawa aksara Jawa ing dhuwur yen diowahi dadi aksara Latin unine…. a. jujur bakal mujur cidra bakal cilaka b. jujur kuwi mujur yen cidra bakal cilaka c. jujur kuwi bisa mujur yen cidra bakal cilaka d. jujur kuwi bakal mujur yen cidra bakal cilaka e. jujur kuwi bakal mujur yen cidra bakal cilaka 42. Yen diowahi dadi aksara Latin unine …. a. Karin tuku obat lara watuk b. Karin tuku obat loro watuk c. Karim tuku obat lara watuk
d. e.
Karim tuku obat loro watuk Karem tuku obat lara watuk
43. Surabaya …. kutha pahlawan. Ceceg-ceceg iki luwih trep yen di isi …. a.
d.
b.
e.
c. 44. Gathutkaca iku sekti …… otot kawat balung wesi. Isen-isen sing trep kanggo jangkepi ukara kasebut, yaiku …. a.
d.
b.
e.
c. ….
45.
Sesanti ing dhuwur dadi jangkep menawa diterusake nganggo tembung …. a.
d.
b.
e.
c.
46.
yen ditulis latin dadine yaiku…. a. b. c.
wani ngalah dawa walesane wani ngalah ora oleh upah wani lunga kudu wani bali
d. e.
wani ngalah dhuwur wekasane wani ngalah luhur wekasane
47. Wajik kletik gula jawa. Luwih becik sing prasaja. Iku kalebu tuladha …. a. parikan b. paribasan c. saloka d. wangsalan
Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
e. sesanti
Kaca 6
48. Lelandhesan kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …. a.
d.
b.
e.
c. 49. Rembug manis amung lamis. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …. a.
d.
b.
e.
c. 50. Kautaman lan kawicaksanan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …. a.
d.
b.
e.
c.
Gatekna tembang macapat ing ingisor iki ! Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis Sambaté mlas arsa Luhnya marawayan mili Gung tinamêng astanira 51. Tembang ing dhuwur kalebu jinis tembang macapat …. a. Pocung d. b. Kinanthi e. c. Gambuh
Asmarandana Maskumambang
52. Tembang Macapat sing cacahe gatra paling akeh yaiku…. a. Mijil d. b. Megatruh e. c. Asmarandana
Dhandanggula Maskumambang
53. Tembang Macapat iku mujudake gegambaraning manungsa wiwit ing kandhutane Ibu nganti tumekaning pati. Macapat “Pangkur” nduweni gegambaraning manungsa kang kepriye ? a. Bayi kang kinandhut dening Ibu b. Bayi kang wiwit lair ing ngalam donya c. Taruna kang ngancik diwasa duwe rasa tresna d. Sing lagi nandhang tresna swasanane katon endah lan manis e. Tambah tuwa saya mundur mungkur ing kadonyan ngadhepi akherat Etimologi lan legendha asal Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene: ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara: "Hana caraka" tegese "Ana utusan" "Data sawala" tegese "Padha garejegan" "Padha jayanya" tegese "Padha digjayane" "Maga bathanga" tegese "Padha dadi bathang". Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
Kaca 7
Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kalorone mati amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang. Caritane kaya mengkene: Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa. Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha leren. Aji Saka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku. Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger. Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswane. Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung.Nalika semana Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka. Anuju sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai randha lan patih dadi kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke ora bakal mati. Banjur Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwune, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu dhewe. Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Aji Saka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis meped ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul. Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para bupati. Sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa. Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan. Nanging si Dora nekad arep sowan dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerise dibalekake. Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh. Sang Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat. Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine. Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
Kaca 8
Prabu Widayaka kaget banget mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku. 54. Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha digdayane yaiku …. a. ha na ca ra ka d. ma ga ba tha nga b. da ta sa wa la e. nga tha ba ga ma c. pa dha ja ya nya 55. Ewodene larik aksara Jawa kang duweni teges, ana utusan yaiku …. a. ha na ca ra ka d. ma ga ba tha nga b. da ta sa wa la e. nga tha ba ga ma c. pa dha ja ya nya 56. Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge kaya ing ngisor iki, kajaba …. a. Duga d. Sambada b. Prayoga e. Digdaya c. Dora 57. Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing Negara …. a. Tanah Majethi d. Tengger b. Mendhang Kamolan e. Ngastina c. Pulo Jawa 58. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ajejuluk …. a. Prabu Jaka d. Prabu Tengger b. Prabu Dewata Cengkar e. Prabu Aji Saka c. Prabu Kresna 59. Abdine Aji Saka kang didhawuhi bali menyang pulo Majethi yaiku …. a. Duga d. Sambad b. Prayoga e. Digdaya c. Dora 60. Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake yaiku …. a. Parikan d. Geguritan b. Wangsalan e. Candra sangkala c. Cangkriman 61. Jenang gula, kowe aja …. a. Lali b. kadingaren c. judheg
d. e.
cengklungen kemba
62. Gayung sumur, aja … aja mundur …. a. Lali b. kadingaren c. judheg
d. e.
cengklungen kemba
63. Jangan gori, nganti ….. anggonku ngrasakake …. a. Lali b. kadingaren c. judheg
d. e.
cengklungen kemba
Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
Kaca 9
64. Bapak Ibu, Tamu undangan, warga Karang Ploso ingkang bagya mulya, mekaten andharan kula bab penyakit mengi utawi asma. Mugi-mugi wonten paedahipun. Menawi wonten ingkang dereng pana,utawi wonten pitakenan kula sakanca saking UNAIR Surabaya tansah sumadya badhe ambiyantu panjenengan. Menawi wonten lepat anggen kula matur. Mugi dipun agung pangaksami. Wasalamualaikum,wr.wb Kutipan pidato wonten nginggil kalebet … a. purwaka c. surasa basa b. pangarep-arep d. wasana basa e. irah-irahan 65. Adigang, adigung,adiguna punika tegesipun tiyang ingkang …. a. ingkang sekti mandgaguna tapi lembah manah b. kathah seduluripun, sugih lan kathah kancanipun c. kathah raja branane, saengga sawiyah-wiyah d. boten gadhah isin, sanajan sampun dipun sindir boten ngertos e. mameraken drajat lan pangkat, kekiyatanipun lan kapinteranipun 66. Ngungak jembare segara, kanthi beninge netra. Netra tegese …. a. banyu b. mripat c. srengenge d. rembulan
e. tangan
67. Sunare bagaskara krasa panas sumelet. Bagaskara tegese …. a. geni b. rembulan c. lintang d. srengenge
e. lampu
68. Ukara ing ngisor iki sing nganggo tembung entar yaiku …. a. Polahe bocah iku anteng kitiran b. Karo tangga teparo kudu sing rukun c. Enom tuwa padha seneng nonton bal-balan d. Bocah iku tipis lambene, mula kancane ora seneng e. Bima awake gedhe dhuwur katon gagah 69. Tembung wayah sing tegese putu yaiku …. a. Saben wayah sore aku nonton bal-balan b. Ibu kondur saben wayah sore c. wayahe bu Parta iku lima d. wayahe jam lima aku mulih e. Yen wis wayahe, mesthi bakal kelakon 70. a. Peleme wis kalong loro aja dijupuk maneh b. kalong iku mangani pelem sing mateng Tembung kalong ing ukara nomer a iku tegese …. a. entek b. suda c.mateng
d. jenenge kewan
e. ceblok
71. Amarga lara untu aku kudu ngombe obat. Basa kramane yaiku …. a. Amargi gerah waja,kula kedah ngunjuk obat b. Amargi gerah waja, kula kedah nginum obat c. Amargi sakit waja, kula kedah ngunjuk obat d. Amargi sakit waja, kula kedah nginum obat e. Amargi gerah waja, dalem kedah ngunjuk obat 72. Aja padha ngadeg bae, ayo padha lungguh . Basa kramane yaiku …. a. Sampun ngadeg mawon mangga sami lenggah mriki b. Aja mung jumeneng bae, ayo sami lungguh c. Sampun namung jumeneng, mangga sami lenggah d. Sampun namung jumeneng, mangga sami pinarak e. Sampun sami ngadeg, mangga sami jumeneng 73. Wis telung dina ibu lara weteng. Basa karma aluse yaiku …. a. Pun tigang dinten ibu gerah madharan b. Sampun tigang dinten ibu gerah madharan c. Wis telung dina ibu gerah madharan d. Wis telung dina ibu sakit madharan. e. Sampun telung dinten, ibu gerah madharan 74. Cacahe gatra ing saben sapada iku diarani …. a. guru lagu b. guru wilangan c. guru gatra
d. guru swara
75. Ing ngisor iki sing ora kalebu tembang macapat yaiku …. a. pangkur b. megatruh c. jamuran d. gambuh Latihan Soal Basa Jawa X SM2 (untuk kalangan sendiri)
e. guru pupuh
e. pangkur Kaca 10